Jumat, 21 September 2012

Pidato Bahasa Jawa "Kesripahan"


          Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarokatuh,

          Ingkang pantes sinudarsana, Kepala PT NUSA BANGSA,
          Kepala RT 01/RW 03 ingkang pantes pinundhi,
          para pinesepuh ingkang kula kurmati,
          lan para rawuh ta’ziyah ingkang kula tresnani.
          Langkung rumiyin monggoh kula panjenengan sedaya ngluhuraken asmanipun Gusti Ingkang Maha Agung, Allah SWT, karana sih rohmat lan barokahipun kita sedaya saged makempal wonten punika papan kanthi pinaringan karaharjan mboten manggih alangan setunggal punapa.
          Sholawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados tuladha patuladan kita sedaya, yaiku Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan sedaya antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahuma amin.
          Para rawuh ingkang kula kurmati,
          Salajengipun kula minangkani sesulih saking kulawarga ingkang nandhang dhuhkita ngaturaken sugeng rawuh saha atur panuwun ingkang tanpa upami dhumateng panjenengan sedaya ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal saperlu rawuh asung bela sungkawa. Ugi mboten kesupen ngaturaken panuwun dhumateng sanak sedherek, tangga tepalih, lan kadang pamitra ingkang sampung paring pambiyantu ingkang awujud punapa kemawon. Sedaya kalawau, kulawarga Efendi mboten saged piwales punapa-punapa, sagedipun namung nyuwun wonten ngarsanipun Allah SWT, mugi sedaya amal kautamen panjenengan sedaya pikantuk leliru sih nugrahing Gusti ingkang matikel-tikel. Allahuma amin.
Sanget ing panyuwunipun brayat agung Efendi ingkang tinilar murud, mugi sanggyaning para asung bela raos, keparenga kanthi suka lilaning penggalih paring donga pamuji, mugi-mugi sedanipun Bapak Samsul Efendi punika kalebetna seda ingkang khusnul-khotimah. Mugi-mugi yitmanipun tansah pinaringan padhang dalane, jembar kubure, lepas parane, ingapunten kalepatanipun dhuk rikala sugengipun, pinaringan papan ingkang sakmesthinipun, jumbuh kalayan darma bektinipun rikala sugeng wonten alam sawegung. Saha nyuwun pendonganipun, mugi sedaya kulawarga ingkang tinilar saged ikhlas lair batos, pinaringan sabar saengga saged enggal wangsul lelumban ing madyaning bebrayan agung netepi darmaning agesang. Allahumma amin.
Salajengipun, mbok bilih nalika sugengipun almarhum Samsul Efendi gadhah kalepatan dhumateng panjenengan sedaya, mugi panjenengan sedaya kersa kanthi tulus ikhlas paring pangapunten dhumateng sedaya kalepatanipun.
Para rawuh ingkang pantes sinudarsana, mekaten menggah pamatur kula minangkani wakil kulawarga shohibul mushibah, wonten kekirangan saha kalepatanipun nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarokatuh.

0 komentar:

Posting Komentar

Popular Posts